Rabu, 09 September 2015

Tuladha Teks Sesorah Nampi Calon Penganten Kakung

Berikut saya sajikan contoh teks pidato menerima calon pengantin laki-laki (Tuladha teks sesorah nampi calon penganten kakung). Monggo...

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
            Dhumateng para kadhang, ingkang sepisanan mangga kita sesaringan ngonjukaken raosing syukur dhumateng ngarsaning Gusti Allah SWT pramila kita sedaya saged kempal wonten dalu punika. Para kadang, kawula bapak Heri Purwanto, pinangka sesulihipun panjenengan bapak Adi Sutomo sekaliyan ingkang kula bekteni.
            Kaping kalih, kula ngaturaken sugeng rawuh saha pambagya harja katur dhateng panjenengan sapangiring. Wondene salam taklim saha salam kawilujengan bapak Ivan Sidabutar ngresaya panjenenganipun, sampun kula tampi, semangke badhe kula aturaken dhateng panjenangan bapak Adi Sutomo sekaliyan.
            Kaping tiga, pasrah panjenengan calon temanten kakung ingkang nama Radit Imam Alfianto putranipun bapak Ivan Sidabutar ingkang badhe sesarengan gesang bebrayan kaliyan calon temanten putri inggih menika putranipun estri bapak Adi Sutomo ingkang nama Arin Wahyuningsih. Wondene tumrap kalampahan upacara ijab saha panggih, panjenengan pasrah dhateng kula, sampun wonten pamurba kula.
            Wasana, cekap semanten sumangga tansah nyuwun wonten ngarsanig Gusti Allah SWT, mugi-mugi pahargyan wiwahan ing dalu menika tansah pinaringan kanugrahan saking Gusti Allah SWT, saha wilujeng sedaya tata cara, upacara wiwahan ing wanci siyang menika. Menawi kathah kalepatan saha kirang anggenipun atur panampi, kula nyuwun agunging sih pangaksami. Nuwun...

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

2 komentar: